Contoh pambyawara/MC pertemuan PKK dalam Bahasa Jawa.
Assalamu’alaikum
Wr. Wb
Perwakilan saking Dinas Kesehatan
Kab. Banyumas ingkang kawula kurmati
Ibu Ketua RW ingkang kawula kurmati
Ibu ketua PKK ingkang kawula kurmati
Seles saking PT. Dompet 3in1 ingkang
kawula kurmati
Saha ibu-ibu PKK Rw 04 ingkang begya
mulya.
Kados padatan, sumangga kita
langkung rumiyin ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah
SWT, ingkang kanthi paguwaosipun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya
saengga ing enjing menika kita saged makempal wonten ing adicara pepanggihan
PKK Rw 04 teng griyanipun Ibu Sulis.
Ibu-ibu PKK ingkang begya mulya.
Kula ingkang
tinanggenah minangka pambyawara utawi panataacara keparenga ngaturaken menggah
rumpaka rantamaning adicara ingkang badhe katindakaken ing wekdal menika:
1. Pambuka
2. Nembang
mars PKK
3. Atur
pangandika saking ibu ketua PKK
4. Atur
pangandika saking ibu ketua RW
5. Penyuluhan
imunisasi
6. Liya-liya
7. Panutup
Ibu-ibu
ingkang begya mulya.
Sarehning
wekdalipun sampun radi siang pramila sumangga adicara ing wekdal menika kita
wiwiti kemawon kanthi adicara ingkang kaping setunggal inggih menika pambuka.
Sumangga para rawuh adicara menika kita bikak sesarengan kanthi waosan
basmallah.
Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan
donga pambuka menika, adicara badhe lumampah dening lancar, amin.
Ndungkap adicara ingkang kaping
kalih inggih menika nembang mars PKK ingkang badhe dipunpimpin dening Ibu
Wanda. Dhumateng Ibu Wanda kula sumanggakaken.
Ndungkap adicara ingkang kaping tiga
inggih menika atur pangandika saking ibu ketua PKK. Dhumateng Ibu Wanda kula
sumanggakaken. Maturnuwun dhumateng Ibu Wanda.
Ndungkap adicara ingkang kaping
sekawan inggih menika atur pangandika saking ibu ketua Rw. Dhumateng Ibu Anggi
kula sumanggakaken. Maturnuwun dhumateng Ibu Anggi.
Ibu-ibu ingkang begya mulya, adicara
ingkang kaping gangsal inggih menika penyuluhan imunsasi saking Dinas Kesehatan
Kab. Banyumas. Dhumateng Ibu Dela kula sumanggakaken. Maturnuwun, dhumateng Ibu
Dela. Mugi-mugi ilmunipun saged ngimbuhi pangertosan saha kathah faedaeh dhumateng
kita sedaya.
Adicara ingkang kaping enem inggih
menika liya-liya. Dhumateng Ibu Hanida sumangga.
Ibu-ibu ingkang begya mulya.
Adicara
ingkang kaping pitu inggih menika panutup. Sumangga adicara menika kita
pungkasi sesarengan kanthi maos lafal hamdallah. Mugi-mugi adicara pepangihan
PKK menika kathah faedaeh dhateng kita sedaya. Amin...
Kula ingkang
tinanggenah minagka pambyawara utawi panataacara mbok bilih anggenipun ngayahi
jejibahan menika kathah klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Maturnuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Komentar
Posting Komentar