Contoh pambyawara/MC pertemuan PKK dalam Bahasa Jawa.
Assalamu’alaikum Wr. Wb Perwakilan saking Dinas Kesehatan Kab. Banyumas ingkang kawula kurmati Ibu Ketua RW ingkang kawula kurmati Ibu ketua PKK ingkang kawula kurmati Seles saking PT. Dompet 3in1 ingkang kawula kurmati Saha ibu-ibu PKK Rw 04 ingkang begya mulya. Kados padatan, sumangga kita langkung rumiyin ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang kanthi paguwaosipun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya saengga ing enjing menika kita saged makempal wonten ing adicara pepanggihan PKK Rw 04 teng griyanipun Ibu Sulis. ...